Selamet ulang tahun Cak Suro lan Cak Boyo,
Tak dungakno sampeyan tetep Panjang Jiwo, Keputran kabeh kekarepane. Mugo-mugo tetep oleh Margorejo lan Margomulyo, ora nemoni Tambangboyo utowo Embong Malang
Lakonono iline nasib koyo Banyuurip, laku ikhlas Sukolilo tanpo pamrih
Ojok akeh-akeh mangan Bebekan, Pakis, Kupang campur Jetis, nang piring Ambengan
Opo maneh ngombe banyu Kaliasin; elingo wis duwur lho tensi sampeyan
Lek melok Kupang Penjaringan caleg, gak perlu jagal-Jagalan, Kupang Segunting dalam lipatan, rebut Balungsari tanpo isi
Elingo: Simorukun agawe santoso, Krukah agawe bubrah
Selamet ulang tahun Cak Suro lan Cak Boyo
Umurmu wis tuwek, gak usah kemalan Medokan Ayu
Ojok kakehan selingkuh engkuk Petemon bojo
Iso-iso diGubeng endas sampeyan, iso-iso diTuwowo cangkem sampeyan.
Awakmu ojo seneng Jemur Ngawinan, engko diseneni Mbah Ratu
Tapi nek dikandani, pancet ae, yo wis sak karepmu
Tak dongakno nabrak Tembok Dukuh, ketiban Genteng, kecantol Kawatan, kecemplung Sumur Welut, dientup Ketabang Kali, sampek awakmu Bangkingan terus Sidodadi mati sampeyan.
Mulo, tingkahmu ojo Plampitan, ojok Pecindilan, sirahmu ojok Gubeng Kelingsingan, engko nggarai diTandes sepur tumbuk.
Sing penting, ojok sampe dadi perang Barata Jaya; iso Keputih kabeh matane. Nek gak ketok, ati-ati engko Nyamplungan nang Kali Jagir. Mari ditulungi nggawe Kaliondo, ojok mek lungguh Ngaglik koyok Bagong Ginayan. Ayo ndang methik Krembangan, terus di-Semampirno nang Tegal Sari.
Wis, yo.
Selamet ulang tahun Cak Suro & Cak Boyo
Dikutip teko Grup WA DGCI Jatim
Gambare Cak Suro lan Cak Boyo teko Flickr
MR Contact
Email : motorrioblog@gmail.com
Google+ : motorrio
You tube : motorrio rio
Other blog : bikesandcarsworld.wordpress.com



